Category Archives: about world

Kaweruh jawa ibarate kayadene sumur kang tansah sinobo dening pangumboro, ora bakal asat senajan ditimbo lan di cidhuk deneng sopo wae. Kabeh bakal ono toyo wening sing mujarab, manfaat kanggo ngunjuk, reresik badan lan kekarepan urip liyane.

Ing wektu iki akeh bebrayan jawa kang katut keli ana ing jaman edan, sahinggo ndadeake prihatin kito kabeh. Akeh bebrayan jawa kang wes lali, kelangan obor lan ninggalke jawa-ne. Kamangko yen gelem ngugemi lan mersudi ngelmu jawa, migunani banget minongko lambaran urip ing jaman modern koyo wektu iki trep karo nut jaman kelakone.

RAOS lan BUDI tansaho direkso. Becik anggenipun tumindak, ngrekso dalem anggenipun bebrayan lan ampun gawe sengit tumraping sedoyo liyan.